Selasa, 29 Agustus 2017

RUWAT KABUMIAN UNTUK KEBUMEN LEBIH BAIK




Pekik Sat Siswonirmolo Ketua Umum DKD Kebumen saat menjadi MC pada acara Ruwat Kebumenan di Resto Teratai Blambangan pada Kamis Wage 19 Januari 2017
 Ketua Umum DKD Kabupaten Kebumen, mendukung adanya acara budaya Ruwat Kabumian, Pernyataan tersebut disampaikan pada acara pertemuan antara perwakilan DKD dan Komunitas Supranaturalis dan Pelestari Budaya Jawa selaku penggagas acara budaya tersebut, pada  Minggu (15/1) di kediaman pribadi Ketua Umum DKD, RSS Jatimulyo Alian.
Ruwat Kabumian merupakan satu kegiatan seni-budaya, yang memiliki fungsi fundamental pendidikan kebudayaan dalam program pembangunan, utamanya pembangunan karakter suatu masyarakat.  Mengutip pernyataan Presiden Ir.H. Joko Widodo, Tanpa pembangunan kebudayaan, baik itu kesenian, sastra, tradisi lokal ataupun pemikiran budaya, sebuah bangsa akan kehilangan spirit dan ruh kehidupan masyarakatnya. Karena masyarakat yang kehilangan nilai budaya dan tidak mampu mengaktualisasikan seni-budaya mereka akan menjadi masyarakat yang kehilangan fondasi etik dalam tatanan kehidupan mereka.
Ikut hadir juga pada pertemuan tersebut antara lain Ketua DKD Ki Bambang Cermo Budhi Carita, S.Pd. Supranaturalis Ki Mujiono, S.Pd, Spiritualis Ki Sugeng Winarto, Seniman Sulap John Silombo dan Pelukis Ki Surya.
Menurut Ki Mujiono, pelaksanaan Ruwat Kabumian  di pusatkan di Teratai Blambangan Resto, pada hari Kamis Wage, 19 Januari 2017. Acara budaya Ruwat Kabumian tersebut dilatar belakangi adanya rasa keprihatinan yang mendalam para seniman, supranaturalis, Spiritualis dan pegiat pelestari budaya jawa, di dalam menyaksikan keadaan Kebumen akhir-akhir ini. Seperti kegagalan musim tanam para petani, dan berbagai bencana alam, banjir, tanah longsor dan lain-lain, yang menimpa kabupaten Kebumen.
Sehingga pada kegiatan Ruwat Kabumian ini akan dipanjatkan doa bersama dan  beberapa harapan bagi  Kabupaten Kebumen dimasa-masa yang akan datang. Harapan tersebut diantarnya  agar kedepan Kebumen menjadi lebih baik, dan terbebas dari segala bencana.
Pemilik Teratai Blambangan Resto, Ki Surya yang juga seniman lukis berharap dengan pelaksanaan Ruwat Kabumian akan terbangun rasa kepedulian dan kebersamaan antara seniman dan pegiat pelestari budaya jawa, selain itu Ia berharap warga Kebumen akan terhindar dari penyakit dan dijauhi mara bahaya. Pada akhirnya ia berharap adanya pemimpin yang jujur dan amanah bagi kabupaten Kebumen.
Ditambahkan oleh seniman Sulap Kebumen John Silombo, bahwa pada pelaksanaan Ruwat Kabumian  dimulai pukul 16.00 WIB. itu  pesertanya  bersifat terbuka untuk umum, artinya siapa saja boleh mengikuti kegiatan tersebut, hanya saja bagi peserta pria disyaratkan harus memakai tutup kepala blangkon atau iket. Sukur-sukur mau memakai pakaian adat jawa secara lengkap.
Ki Mujiono menjelaskan materi acara pada Ruwat Kabumian, berupa Kirab Tumpeng Kuat, dilanjutkan dengan Kepungan Ruwatan atau ritual doa bersama, yang pada malam harinya dilanjutkan dengan acara apresiasi seni dan sarasehan tentang budaya Jawa, dengan pembicara Ki Bambang Cermo Budhi Carita, yang juga dalang dari Jatijajar.
Ketua Umum DKD Kebumen bahkan secara khusus merancang Janturan pada acara Ruwat tersebut, sebagai berikut :


Janturan Ruwat Kabumian
Lah punika ta wus dumugi wahyaning mongso kolo dumawahing bebukaning titi laksono kirabing Ruwat Kabumian,  sampun samekta bergada  Ruwat Kabumian ingkang tumunten badhe kakirabaken tumuju ing sasana  hastungkara manekung puja. Para paraga kanthi kinanthen  laku lan sesaji . ubarampe kang mawa parlampita,  sinandi werdi, sayekti mujutake reroncening panyuwunan murih  luwaring sukerta lan manggiha lestari ingkang samyo kaesthi, ginayuwan dening Gusti ingkang Maha Hayu, humiring puji miwah pangastuti,  hayu hayu rahayu basuki. Saha manggiha tata kerta raharja.
Perangan paraga kirab;
Kapurwakani  kanthi pawongan kalih  mawa topeng, ingkang sajoga ngasta sapu sada sanggupe nyaponi kathahing resresan, nyingkiraken sak kathahing reretu ,saru siku, jim setan prayangan ilu-ilu banaspati den sumingkir,  njalari sucining mirgi ingkang badhe kalangkungan.

Kasusul pawongan kang nyebar sekar, kanthi pangajab saged nyebar kabecikan ndayani ganda arum mangambar sadalan-dalan.

Ing wingking kasusul subo manggolo yo manggolo subo, ingkang dados cucuking lampah, kanthi pangajab dadosa tulada ing laku tumindak lan dayani Tut wuri handatani

Saklajengipun Pusaka aji, ingkang mralambangaken guna kasantikan, mujudaken ilmu utawi kabisan ingkang utami lan pengajiing saklebetipun pagesangan.

Wonten ingkang ngasta Tumpeng Seta utawi tumpeng putih, mratelakaken kekajengan ingkang kukuh, kuat, warni putih nedahaken sucining tekad.
Ing tumpemg onten Ingkungipun dadosa pangajab Manekung mring Gusti, Nyawiji antarane, jiwa raga, lisan, tumindak lan pikiran.

Wonten Payung Motha kang mujudaken Songsong Agung kang paring pangayoman mring sasama.
Sakwingkingipun wonten Tombak ingkang kinanten bendera lan peksi Garuda Pancasila, menika mratelakaken bilih sageda dados pangreksa dhateng wetahipun Negara kesatuan Republik Indonesia kanthi lelandesan Pancasila.

Kalajengaken Sawung Jago Pethak utawi putih, kaajab sageta dados jagoning Kebumen ingkang tulus suci, jujur lan amanah, lahir tumusing batin. Ucap pangucan ora kena mancla mencle.

Kembang Telon ingkang dumados saking sekar kanthil, kaajab nggadahi kekajengan sageda tresna dhteng Kebumen ngantos  kemanthil- manthil. Sekar Kenanga tansah kengetan utawi dados kenangan, bilih mboten pareng daksiya marang sepada padhane umat. Sekar mawar mengku werdi saged dados tuladha ingkang sae kanthi nyebar ganda kang mangambar-ambar.

Onten sak wernining Ron-ronan :
Janur tegesipun Sejaning Nur utawi dumados saking kersanipun Gusti
Godhong Tawa kaajab ndayani tawar cabar saking seadya saru siku tulak sarik.
Godhong Kliwih sageda dados daya kang linuwih

Paraga salajengipun ngasta Toya Wening saking Sumber Pitu, dadosna panyuwunan mugi-mugi Bumi Kabumian tumunten pikantuk Toya wening Pitulungan, kali sing sukerta.
Dwaja werni Kresna lan Seta , utawi Umbul-Umbul weri ireng putih, mengku teges Mujudaken kamardikaning gesang, sageda milah-milah antawisipun tumindak ingkang leser lan ingkang mboten.
Degan klapa muda saged nglegani madeging karep.

Rep sidhem premanem tan ana sabawaning walang salisik, lah puniko pratandha wus dumugi wahyaning mongso kolo dumawahing bebukaning panyondro titi laksono kirabing Ruwat Kabumian Ing ari kalenggahan puniko, satuhu katah papan ingkang edi, papan ingkang endah lan nengsemaken, ananging mboten kados edi lan endahing sasana pawiwaha Ruwat Kabumian ing Sonten punika.,

Binarung swaraning pradangga munyo hangrangin, hambabar  ketawang padhang bulan, ana gandha arum angambar katiyuping samirana mandha, kawistoro jengkaring bergada kirab, mijil saking sangajeng sasana palereman pawiwahan, nedyo humarak sowan wonten ngarsanipun para ingkang kinurmatan para rawuh, manjing salebeting sasana hastungkara Ruwat Kabumian

Bergada kirab hangagem busana ingkang sarwo retno hangembo busananing para noto, katon pating nggalebyar pating pancurat kalamun kasaru sunaring cahya ingkang hangrenggani sasana adi, pan yayah kartiko hasesilih prenah. Ginarebeg sagunging poro – poro ingkang samyo humiring, kinanti myang poro-poro kang wis pinanci.

Sinten to ingkang sinaroyo anawung kridho minongko pangarsaning lampah ingkang sinebat subo manggolo yo manggolo subo, ?
Satuhu puniko panjenenganipun bapa Sutarjo.
Dhasar dedeg pidekso apengawak braja, sembodo ing driyo tan amengkuh saliring kewuh, bangkit angentasi karyo, kasembuh wiwit naliko timur mulo ginulang marang pepoyaning kautamen, milo mboten nama mokal kalamun to anggeniro kapiji minongko subo manggolo, anggung anengenaken mring kasusilan miwah subosito.
Kautamaning sang subo manggolo soyo ngalelo, kacihno lebdo ing adi endahing kabudayan, katitik anggeniro mangarsani kirabing Ruwat Kabumian, tumapak pada tinata runtut atut nut wiramaning gendhing, sinawung ebahing asto mangolah langen mataya, kawuryan wadono madhep pandulu tumungkul ing bantolo, sakedhap sakedhap asto angapurancang, jumbuh kaliyan sesanti ing ngarso sung tulodho.
Sawurining sang subo manggolo ana mudho tumaruno lumaksono jajar, tumapak pada tinata runtut atut nut wiramaning gendhing anyangga Tumpeng Seta, utawi tumpeng putih, kinaryo sarono pisungsun ing Ruuwat Kabumian,  Tumpeng tumungkula manembah kanthi mempeng, Seta wus ngarani putih, mengku werdi suci. Tumpeng Seta  ingkang mengku suraos sucine tekad tumungkul kanthi mempeng tumemen mring Gusti Kang murbeng Dumadi.

Tumpeng Seta pinayungan songsong agung ingkang kawastanan songsong agung tunggul Rineksa
kang mujudake pratondho tumemen gemblenging tekad paring pangreksa dhateng tekad suci manembah mring Gusti.
 
Dampyak dampyak ingkang samyo lumaksono, mbinayangkoro bergada kirab Ruwat Kabumian ingkang pindha kamucang kanginan, lengkeh-lengkeh pindho singo lopo, sapecak mangu satindak kendel. Lambehan kadi merak kasimpir nenggih mblarak sempal, sarirane amraboto nenggih hangringin sungsang,

Sembodo ing driyo, tan mengkoh ing pakewuh, yekto yen tamtomo, sumboho wirotomo prawiro jayeng palugon, tatag, tangguh, tanggon lan tanggel jawab. Milo lamun kacondro kasosro, kadi senopati ing narendro ingkang arso tedak ing palagan.
Endah edining busana, hangimbuhi gandes luwes solah bawane, lamuntho cinondro ical sipating janmo sawantah pan yayah bathara suwargo loka ingkang tumurun.

Wus handungkap prapto ugyan ingkang tinuju, bergada kirab Ruwat Kabumian nulyo kapapanaken wonten ing sasana kembul hastungkara, hanggrantu laksitaning adicara ingkang sampun tinamtu.
 
 Agunging panuwun sagung sutrisna budaya, saking lubering sih dharmo saking andiko sadoyo, ingkang sampun kepareng jumurung ing karso , suko pepuji mangastungkoro andyanono dhumateng pawiwahan Ruwat Kabumenan punika, satemah jumbuh ingkang samyo ginayuh, sembodo ingkang samyo sinedyo, lestari ingkang samyo kaesthi, ginayuwan dening Gusti ingkang Maha Hayu, humiring puji miwah pangastuti hayu hayu rahayu ring ulah rahayu…
 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar